Selasa, 09 Februari 2016

nang Bantarkawung ana wong mati gara-gara kena DBD

Bantarkawung - Sapet awal pebruari 2016 sampe dina kiye nang kecamatan Bantarkawung wis ana 15 warga sing kena penyakit Demam Berdarah Dengue alias DBD, trus ana sewong sing meninggal. Limalas wong kuwe jebule sing desa Jipang jumlaeh 12 wong trus nang desa bangbayang jumlaeh 3 wong.

Jarene tah wong sing meninggal  dunia kuwe arane Paundra Jaya Leksana (12) warga dukuh kosambi RT 04/07 desa Jipang kecamatan Bantarkawung. " Kuwe putune kaki sunar rah, anake pak Sarben" jarene kaji giarto, pj lurah jipang.

Kaji Giarto ngomong, Ning desa jipang 11 wong sing kena DBD kuwe tersebar nang 3 pedukuan, diantarane dukuh Cikokol jumlaeh 3 wong yakni Bintang (7), Pisa (17) karo Azam (1,5). Berikute nang dukuh Kosambi jumlaeh ana 5 wong yakni Bulan Citra (18), Thomas Mahendra (9), Nia Herlina (18), Mahdi (35) dan Cahyono Bawono (9). Trus nang dukuh  jipang jumlaeh ana 3 wong yakni Lia Lopalia (23), Anisa Najma (5) karo Bayu (15).

" Enyong wis laporan kasus DBD ning kepuskesmas karo kantor kecamatan Bantarkawung. Sehubungan akehe warga sing kejangkit wabah DBD, enyong wis njaluk Tim kesehatan Puskesmas Bantarkawung go ngalakukna foging maring umah-umah warga," jare kaji giarto.

Ahmad Faijin selaku lurah Bangbayang ya melu ngomong, kasus DBD sing nyerang wargane aku kuwe ana ning dukuh bangbayang lor jumlaeh ana 4 wong diantarane Arina (5), Aditya(5) karo Kaysa (5). " Nang gone aku tah nyerange maring bocah cilik tok, tapi aku juga wis laporan nang camate karo kepala puskesmas Bantarkawung eben ana penanganan," ujare deweke.

Jarene dr Agung sing dadi kepala Puskesmas Bantarkawung, foging kuwe sebenere dudu solusi siji-sijine, tapi peran masyarakate sing dibutuhna nganggo mutusna rante uripe lemud  aedes aegypti carane ya 3 M (mbuang, ngubur karo mbakar wadah sing bisa go ngendog/nganggremi ato go ternak lemud). Percuma yen difoging yen gentonge, kolame, trus barang botheke ora dibersihi.

"Soale foging kuwe mung mateni lemud sing mabur tok, sementara jentike ora bisa mati. Nah tutugan foging jentike dadi lemud maning sing anyar trus nyokot menungsa maning, ya pada bae goroh raah" jarene dokere.

Camat Bantarkawung, Gunarto MSi nambaih, deweke selaku sing duwe wilayah kecamatan Bantarkawung langsung ngumpulna wong-wong puskesmas karo lurah-lurah go rakoor nang ruangan kerjane. Hasile Tim puskesmas siap ngecek nang umah-umah warga karo foging. " Enyong sengaja nganakna rakoor kiye nganggo golet solusi penangane kepiben kirang ora membet maring desa liane," ujare camate.

Camate juga njaluk maring lurah-lurah, mbok ana kasus sing pada... gagian laporan eben cepet ditangani. "trus go masyarakat sing ngarasa atawa gejala mirip DBD, cepetan priksa nang dokter ben ngarti kenang apa?," tutup camate. (Rayhan)

1 komentar:

  1. innanillahi.. nembe ngerti nyongth .. admine bumiayune ndi kie..

    BalasHapus