Sabtu, 02 Juli 2016

Sartono Kendat nang blandar umaeh dewek

Bumiayu - Ana-ana bae polaeh manungsa, gari sabar nunggu delat maning badha eh malah kendat nang blandar umah. 

Manungsa kuwe arane Sartono (40) warga karangnangka RT 05/04 desa Winduaji kecamatan Paguyangan kabupaten Brebes.


Berdasarkan informasi, korban sedurunge wis pernah nyoba kendat tapi ketumbuk terus lan digagalna ding wong sing numbuki. Nah pas dina Sabtu 02 juli 2016 kuwe, sartono nyoba kendat maning nang blandar umaeh dewek.

" Enyong kagete sekeliwat pertama weruh awake kang sartono gantung nang blandar umah. Waktu kwe aku pan banyu wudlu, pan sholat eh pas liwat weruh mayate kang sartono. dadi aku gendoakan njaluk tulung maring warga," ujare Masruri(30) adine korban.

Korban semasa uripe tinggal karo 3 anakne, sementara bojone lagi dadi TKW nang Singapura. Korban pancen dikenal wonge menengan lan tertutup. Ana masalah apa bae ora tau cerita maring wong lia utawa karo sedulur. Pokoke ditanggung kabeh ding deweke.

"Masalaeh ya apa.. ya enyong ora ngarti babar blas. ngartine kakange enyong mati karena kendat," jare Masruri.

Kapolres Brebes melalui Kapolsek Paguyangan, AKP Eko Sugeng Purwanto SH membenarna ana kejadian wong kendat nang petuguran. Kapolsek karo anggotane langsung teka nang lokasi dan melakukan olah TKP.

"Dari hasil olah TKP yang kami laksanakan, ora ana tanda-tanda penganiayaan nang awake korban lan kiye murni gatung diri alias kendat," ungkap kapolsek.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar