Selasa, 08 Maret 2016

Adisana banjir maning & pipa PDAM jebol, Bumiayu terancam krisis banyu bersih

Banjir nang desa adisana pas dina selasa sore 8 maret 2016
Bumiayu - Udan gede sing guyur Bumiayu lan sekitare, Selasa sore (08 maret 2016) ndadekna banyu kali keruh ngluap maning alias dadi banjir sing akhire mlebu maring pemukiman warga karo nugelna pipane PDAM. Alhasil masyarakat Bumiayu bakalan ngangsung maning karena krisis air bersih.

" Wah kye tah inyong siap-siap ngangsu maning ya.. padahal wingi ae beyeke esih macek men sung, eh saiki banyu pame macet maning. mbarah wong PDAM.. tulung gagian dibeneri kweh pipane sing rusak," jare Budi lutfi pelanggan PDAM.

Saking hasil pantauane tah, kondisine sama persis karo kejadian banjir bandang sing lagi bulan februari wingi.

Pejabat Lurah adisana, ahmad yani ngomong, banjir kiye tekane sing luapan kali keruh trus kye kejadian sing ping pindone. Padahal pemerintah wis lakukna penanganan berupa normalisasi kali keruh alias sirtune dikeruk nganggo becko ben arus banyune lancar ora mobat mabit maning, eh jebule tetep bae banjir.

" Banjir sing saiki tah ora patia parah nemen kaya banjir wingineng pas februari tapi ya akeh sawah warga sing rusak," ujare luraeh.

Sementara jare Kepala PDAM Unit Bumiayu, Anis Syafarudin, pipa saluran PDAM sing mili maring pelanggan sekecamatan Bumiayu kwe tugel, akibat diantem banjir kali keruh. Deweke negesna pipa sing tugel kuwee pan ditangani secepete, sebabe kebutuhan banyu bersih kwe bener-bener krusial kanggo masyarakat.

" Dadi inyong karo tenaga teknise PDAM pan gagian mbenerna pipa sing rusak kuwee. Insya Alloh ora suwe ikih, soale mung ana siji tok titik sambungan sing ucul. Muga-muga ngesuk wis mili maning maring pelanggan pdam," jare Anis. (faqih)

3 komentar: